Minggu, 28 April 2024
Sekolah Dasar

PITUTUR KANGGO ANAKKU – ELIFIA TARAKA (2021

PITUTUR KANGGO ANAKKU – ELIFIA TARAKA (2021

PITUTUR KANGGO ANAKKU
[Elifia Taraka]

Ngger, bocah nggantheng
Esemmu sanajan sak cleraman,
Cumlorot koyo kartika, lintang
Panjer sore ing sisih Kulon.
Sing sanajan katutup Mega kelir jingga,
Nanging koyo padhanging kreto kencana dewa.
Gawe atiku nrenyes adem
Lilih lan nyukuri marang samubarang kanugrahaning Gusti.

Ngger, bocah sing Bagus dewe
Anggenmu urip Ana ing ndunyo iki
Yo mung koyo manuk iber sing sakelebat mampir ing sendang
Mung golek sak lumrahe Tirta kanggo nelesing raga.

Mulane kuwi Cah Bagus,
Iki pandungaku, mbesok dadio satrio utomo
Kang tansah sinanding pekerti luhur saka manah lan pituturmu.
Mugo dadia manungso kekareman bapa biyung sing ora waleh nggulo wentah tanpa nyuwun piwalesmu.

Mung pesenku cah Bagus,
Dadia endahing pinastika ampak ampak ing Mega.
Supaya bisa slamet ngemban dalane Gusti,
lan nandingi digdayane bagaskara sing katon umup nggaringne ndunya.

Blitar, 4 Juni 2021